Minggu, 13 Januari 2013

Andeswa Electone Berbagi lirik lagu Langgam Campursari

Andeswa Electone 
berbagi lirik lagu Langgam Campursari 
semoga bermanfaat 
Langgam CAPING GUNUNG 

Dhek jaman berjuang
Njur kelingan anak lanang
Biyen tak openi
Ning saiki ana ngendi

Jarene wis menang
Keturutan sing digadang
Biyen ninggal janji
Ning saiki apa lali
Ning gunung

Tak cadongi sega jagung
Yen mendung
Tak silihi caping gunung
Sukur bisa nyawang
Gunung desa dadi reja
dene ora ilang keturutan sing digadang

Langgam WUYUNG 

Laraning lara
Ora kaya wong kang nandhang wuyung
Mangan ra doyan
Ra jenak dolan nèng omah bingung
Mung kudu weruh
woting ati duh kusuma ayu
Apa ra trenyuh
sawangen iki awakku sing kuru

Klapa mudha leganana nggonku nandhang branta
Witing pari dimèn mari nggonku lara ati
Aduh nyawa

Duh duh kusuma
Ora krasa apa pancen téga
Mbok mbalung janur
Paring usada mring kang nandhang wuyung


Langgam KALI OYA 

Naliko ing wayah sore,
Gawang-gawang, mung katon eseme
Amung tansah ngawe-awe,
Angleledo.., mung ngatoni wae..

Sliramu wus ora ono,
Duh wong ayu, tego ninggal lungo
Mbok eling mbiyen prasetyo,
Sineksenan, ilineng kali oya..

Saben-saben, aku nunggu
Mung ngarep tekamu,
Kumricik ing banyu kali,
Anambahi.., kekesing ati..

Ning pinggiring kali oya,
Duh wong ayu, awakku dedungo
Mugo-mugo enggal bali,
Tak enteni.., ning pinggiring kali..


Langgam MEH RAHINO 

Wus meh rahino, sumirat bang ing wetan prenahe
Poro tani, wiwit mangkat, anggarap sawahe
Amanggul pacul, garu luku, anggereg kebone
Andelidir, anglur selur datan ono pedhote

Gliyak gliyak, anggliyak tansah rame ing gawe
Sesambene tetembangan, laras lelagone, laras lelago..ne..
Mungguh pedahe, wanci ngundhuh tikel pawetune
Subur makmur, murah sandang pangan wekasane



Lirik Lagu LAYANG KANGEN

Layangmu tak tompo wingi kuwi
Wis tak woco opo karepe atimu
Trenyuh ati iki moco tulisanmu
Ra kroso netes eluh ning pipiku

Umpomo tanganku dadi suwiwi
Iki ugo aku mesti enggal bali
Ning kepriye maneh mergo kahananku
Cah ayu entenono tekaku

Reff:
Ra maido sopo wong sing ora kangen
Adoh bojo pingin turu angel merem
Ra maido sopo wing sing ora trenyuh
Ra kepethuk sawetoro pingin weruh
Percoyo aku, kuatno atimu
Cah ayu entenono tekaku


SEWU KUTHO 

Sewu kuto uwis tak liwati
Sewu ati tak takoni
Nanging kabeh
Podo rangerteni
Lungamu neng endi
Pirang tahun aku nggoleki
Seprene durung biso nemoni

Wis tak coba
Nglaliake jenengmu
Soko atiku
Sak tenane aku ora ngapusi
Isih tresno sliramu

Umpamane kowe uwis mulyo
Lilo aku lilo
Yo mung siji dadi panyuwunku
Aku pengin ketemu
Senajan sak kedeping moto
Kanggo tombo kangen jroning dodo


TRESNO SUDRO 

abote wong tandang tresno
tak belani nganti tekan pati
tresnaku mung kanggo siro
kusumo sing ayu merah ati
awan nengi ora biso lali tansah eling
ngati kapan aku ora ngerti
iso nyanding sliramu

Abote dadi wong sudro
tresno tulus ora dipercoyo
wong tuwo ngumbar sujono
tansah iro aku wong durjono
pancen dalan sing tak liwati
ngalor ngidul mung bentul
paribasan turu klesetan
uripku tansah cedak pacoban

cah ayu..2x
tak enteni lilane wong tuwamu maringke kowe
sing sabar2x
yo tresnaku ing tembe mburi bakal dadi dukwekku
duh gusti sing tak puji paringono dalan kanggo tresnaku


CIDRO >> Didi kempot

Wis sakmestine ati iki nelongso
Wong sing tak tresnani mblenjani janji
Opo ora eling naliko semono
Kebak kembang wangi jroning dodo
Duh piye maneh iki pancen nasibku
Kudu nandang loro koyo mengkene
Remuk ati iki yen eling janjine
Ora ngiro jebul lamis wae

Gek opo salah awakku iki
Kowe nganti tego mblenjani janji
Opo mergo kahanan uripku iki
Mlarat bondo seje karo uripmu
Aku nelongso mergo kebacut tresno
Ora ngiro saikine cidro
Ora ngiro saikine kowe cidro


JAMBU ALAS 
 
Kelingan manis eseme trus kelingan ramah gemuyune
Tresno lan kasih kasih sayange karep atiku klakon dadi bojone

Sayange wis duwe bojo nanging aku aku wis kadong tresno
Nelongso rasaneng ati yen aku ra klakon melu nduweni

Reff:
Jambu alas kulite ijo sing di gagas wis duwe bojo
Ada gula ada semut durung rondo ojo di rebut

Sumpah neng batin yen kulo tidak di kawin
Tekading ati ora bakal luru ganti

Sumpah wis janji arep sehidup semati
seneng lan sedih bareng bareng di lakoni

Jambu alas nduk manis rasane
Snajan tilas tak enteni rondone


LUNGITING ASMORO

Seprene nggonku ngenteni janji
iki prasetyaning ati
Kadung tresno mring sliramu duh cah bagus…
Ra eling dina lan wektu

Ing ati katon ra bisa ilang
Soyo suwe soyo ra karuan
Nadyan mung tansah anggadang
Aku samar yen sliramu ra kelingan

Wong bagus tak anti –anti, ja pijer semoyo wae
Aku tresna karo kowe…..
Tegane atimu …soyo gawe lara…
Iku ra prayoga

Aku ora bakal mundur ….aku ora bakal mlayu
Yen durung nyanding sliramu…
Ukuraning tresno dudu banda…nanging lungiting asmoro.


PRAWAN KALIMANTAN (KARINDANGAN)

Lk :
Rino wengi tansah kelingan
Prawan ayu kalimantan
Bantal guling tak sayang sayang
Nganti koyo wong kedanan
Pr :
Rancak liwat kasubarang
Dalam hati tarasa supan
Kumaharap minta ditagur
Gasan ubat karindangan

Lk :
Saben dino aku ngalamun
Tekan omah atiku bingung
Jane tresno ra wani nembung
Rasane koyo wong linglung
Pr :
Hiring kiwa bahiring kanan
Paksa mata suruh bapajam
Bamalaman kada taguring
Kaingatan si rambut panjang

reff :
Pr :
Aduh uma abah aduh
Satiap malam ulun tabayang
Hati dandaman
Apakah kawa ulun manyandang

Aduh uma abah aduh
Ulun takutan ulun takutan
Disambat urang awak nangganal
Masih mambujang

Lk :
Beninge banyu kalimantan
Biyen sing tak ombe sayang
Ngelingake naliko biyen kenalan
Rino wengi tansah kelingan
Prawan ayu kalimantan
Bantal guling tak sayang sayang
Nganti koyo wong kedanan
Pr :
Hiring kiwa bahiring kanan
Paksa mata suruh bapajam
Bamalaman kada taguring
Kaingatan si rambut panjang




DOWNLOAD Mp3 DOWNLOAD Youtube, Monggo silahkan Klik   [ DI SINI ] 

EDIT PHOTO  Silahkan langsung Klik   [ DI SINI ] 

facebook 

Youtube

 

KETAWA ITU SEHAT SILAHKAN BERI KOMENTAR ANDA